Redaksi - Espos.id Lifestyle - Sabtu, 18 Februari 2012 - 11:24 WIB
ESPOS.ID - Luluk Ari (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)
Minangka pambeksa modheren utawa kontemporer, Luluk Ari, ora tau kentekan gagasan kang bisa dijabarke ing karyane. Obah osike jaman, utawa uga kahanan alam wae bisa ditanggap, banjur kanggo landhesan gawe karya beksa.
Kaya kang sinawang ing pagelaran Srawung Seni Candhi ing Candhi Sukuh, sawetara wektu kapungkur. Alam bisa ditanggap kanthi cara mirunggan, banjur dijabarake jroning karyane, salah sijine kang asesirah Flowing.
“Saperangan obahing awak jroning karyaku iku sakkal kapikiran nalika aku mbabar karya ing panggung. Iki wujud tanggapku marang kahanan alam. Kepriye banyu sing mili, angin kang sumilir, kabeh bisa dijabarake jroning karya beksa, liwat obah lan lakuning awak,” ujare.
Saben mbabar karya, pambeksa asal Solo iki uga ora nilar musik pangiring. Jarene irama musik iku bisa nggugah semangat lan njurung obahing awak ing kalodhangan iku.
JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso