Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56
Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56

PEMIMPIN MENGGAHIPUN BUDAYA JAWI

author
Kamis, 12 April 2012 - 12:41 WIB
PEMIMPIN MENGGAHIPUN BUDAYA JAWI
ESPOS.ID - Drs. Imam Sutardjo, M.Hum, Dhalang lan Dhosen Jurusan Sastra Jawa Fakultas Sastra dan Seni Rupa – Universitas Sebelas Maret Surakarta

Bangsa Indonesia wiwit rumiyin sampun kasusra minangka nagari ingkang ageng. Sugih saha anggadhahi kabudayan adiluhung, buktinipun kathah warisan lan tetilaran ingkang sumebar saindhenging bumi pertiwi, ingkang awujud: naskah, karya sastra, wewangunan (candi, karaton), seratan wonten wela (prasasti), lan sanes-sanesipun. Sedaya tetilaran menika mujudaken raja brana saha cagar budaya nasional ingkang ajinipun tanpa tandhing, pramila kedah tansah dipunjagi, dipunlestarekaken saha dipun-ngrembakakaken. Supados pitutur luhur inggih wasitadi saha piwulang kautamaning ngagesang ingkang sumimpen wonten salebeting budaya Jawi saged kadhudhah, kababar, saha kaginakaken kangge salah satunggalipun sarana andadar saha mujudaken kapribaden ingkang utami lan pinuji, ambangun manungsa ingkang sampurna, minggahipun para sarjana sujaneng budi, para pangarsa utawi pemimpin ingkang wibawa, wasis, waskitha lan wicaksana, berbudi bawalaksana saha mahambeg satriya pinandhita.

Relawan Bakti BUMN 2026, BRI Ajak Relawan Memberdayakan Desa BRILiaN Sanur Kaja

Rikala jaman wiwitanipun karaton Surakarta Hadiningrat, para nata lan pujangga anggenipun sami anganggit karya sastra (naskah), adhapur kalih wujud, inggih menika jarwan saha yasan enggal (Poerbatjaraka, 1952: 152). Buku-buku (naskah) yasan menika nyemot piwulang-piwulang kautaman saking kapitadosan Hindu, ingkang nelakaken bilih raja utawi pemimpin menika mujudake dewa angejawantah utawi dewa raja kultus. Pramila pemimpin ingkang ideal (sampurna) menika kedah sekti mandraguna, mukti wibawa anyakrawati ambau dhendha. Pemimpin menawi ngendika kedah “sabda brahmana raja, pangandikane ratu datan kena wola-wali sepisan dadi”.

 

Pemimpin Tradisional

Pemimpin (presiden) negari Republik Indonesia ingkang kapisan lan kaping kalih ugi tasih nulad saha kaprabawan paugeran saha gegebenganipun para raja saderengipun, jalaran adhedhasar cathetaning sejarah, bilih ing bumi nusantara menika rumiyin sami madeg negari-negari ingkang ageng lan wibawa, antawisipun negari Singasari, Majapahit, Demak, Pajang saha Mataram. Wondene gegebengan ingkang sami katulad para pemimpin ing jaman menika, inggih menika ing Mataran Islam (Sultan Agung).

Panguwaos lan kawibawanipun para nata ing jaman rumiyin saged dipuntingali saking; (a) asma gelaripun, (b) legitimasi mitos, (c) piyandel/ sipat kandalipun. Para nata ing jaman Mataram sasampunipun Panembahan Senopati (Sutawijaya) gelaripun susuhunan, lan gelar sultan, mliginipun Sultan Agung Hanyakrakusuma (1913 – 1946)

Susuhunan tegesipun dipunpepuji, dipunkurmati (kapapanaken wonten sanginggilipun mustaka/ sirah); wondene sultan minangka sesebatan saha gelaripun para nata ing negari-negari Islam. Pramila gelaripun para nata ing Mataram, “Susuhunan .....  Senopati ing Alaga Sayidin Panatagama Khalifatullah”. Adhedhasar gelar saha sesebatanipun menika; panguwaos, kawibawan saha jejibahanipun nata (raja) menika kedah nguwaosi babagan pradata (hukum, pranatan), gelaring prajurit (militer), saha agami (adat).

Babagan agami, nata gelaripun Sayidin Panatagama Khalifatullah, tegesipun ahli agami saha ingkang mranata agami utawi adat-istiadat ingkang sae jumbuh kaliyan agami ingkang dipunrasuk kawulanipun, lan agama ageming aji, maknanipun bilih agami menika mujudaken agemanipun Sang Nata. Wondene gelar khalifah, Sang Nata menika wakilipun nabi utawi warananing Allah supados mranata bumi saisinipun.

Ing babagan pradata (hukum), nata utawi raja menika mujudaken pranatan menika piyambak; jalaran ingkang yasa, mranata, lan nindakaken, ingkang wenang murba hamisesa wong sanagara. Panguwaosipun nata tanpa winates, pramila nata menika asring sinebat “gung binathara, anyakrawati ambau dhendha, asta kinarya gada”.

Para nata ing jaman rumiyin kangge ngandelaken kawibawan panguwaos, lan kasektenipun ugi mawi legitimasi mitologi keajaiban. Tuladhanipun: (a) Panembahan Senopati kasembadan anggarwa Nyi Rara Kidul, (b) Hadiwijaya (Mas Karebet = Jaka Tingkir) saged mejahi Dhadhungawuk, Kebondanu, lan ngasoraken bajul ingkang cacahipun 40 (sekawan dasa), lan ingkang nglampahaken gethekipun Jaka Tingkir tumuju negari Demak. Lelampahan menika tansah lan tasih lestari dumugi samenika kasimpen bebrayan agung kanthi wujud sekar macapat Megatruh, mekaten: Sigra milir kang gethek sinangga bajul/ kawandasa kang njageni/ ing ngarsa miwah ing pungkur/ tanapi ing kanan kering/ kang gethek lampahnya alon//

Pemimpin tradisional menika kaanggep para kawula wenang lan kawasa madeg nata utawi pemimpin, saha mranata para kawula menawi anggadhahi utawi pikantuk.

  1. Wahyu utawi Pulung Karaton
Sang Nata supados sah (resmi) dipunakeni lan dipunsengkuyung para kawulanipun, anggenipun madeg nata utawi nalendra kedah saestu anampi wahyu utawi pulung karaton. Upaminipun (a) Pangeran Puger (Pakubawana I) rikala tuguran anjagi layonipun Mangkurat II kacariyosaken:

“Kacariyos plananganipun sang nata (Mangkurat II) ngadeg, sarta wonten cahyanipun mencorong amung samrica, wonten ing sapucuking kalam. Nanging boten wonten ingkang uninga, namung Pangeran Puger piyambak ingkang mirsani. Pangeran Puger wau enggal necep cahya, kang wonten sapucuking kalam. Sareng cahya sampun kacecep, kalam mantun ngadeg. Sampun pinesthi karsa Allah, yen Pangeran Puger ingkang badhe anggentosi jumeneng nata”.

(b) Ki Ageng Sela saged anyepeng bledheg (petir). (c) Pangeran Puger saged ngawonaken tenungipun tiyang Walandi. (d) Wontening cariyos pewayangan tedhak turunipun Raden Abimanyu inggih menika Raden Parikesit kawasa madeg nalendra jalaran pikantuk Wahyu Cakraningrat.

  1. Sipat Kandel (Pusaka ingkang Sekti Sanget)
Pamor lan kawibawanipun para nata ing jaman rumiyin ugi jalaran kagungan sipat kandhel lan kaprabawan kaliyan sipat kandelipun. Tuladhanipun (a) Panembahan Senopati raja Mataram anggadhahi pusaka tombak Kyai Plered kangge mejahi Harya Penangsang saking Jipang. (b) Pangeran Puger (Pakubuwana I) ugi ngginakaken pusaka Kyai Plered rikala nyirnakaken Kapten Tack. (c) Pangeran Mangkubumi (Hamengku Buwana I) rikala lumawan Raden Said (Mangkunegara I) lan VOC (perang Mangkubumi, 1746 – 1757).

Adhedasar andharan ing nginggil nelakaken bilih pemimpin tradhisional ing jaman rumiyin mujudaken panguwaos tunggal, asipat absolut. Raja utawi nata boten namung mranata nagari, ananging nata menika ugi mujudaken hukum lan nagari, pramila ambegipun: gung binathara, anyakrawati ambau dhendha, sakti mandraguna, wenang murba amisesa wong sanagara.

Adhedasar cathetan sejarah kaandharaken bilih panguwaos badhe nuwuhaken korup, lan panguwaos ingkang tanpa winates ugi badhe nuwuhaken korup ingkang tanpa winates (power tends to corrupt, absolute power tends to corrupt absolutely (Acton dalam Moedjanto, 2001: XXIII).

Pemimpin saha panguwaos ingkang sakawit “sapa sira sapa ingsung; adigang, adigung, adiguna, asta kinarya gada”; sasampunipun agami Islam mlebet wonten bumi pertiwi ingkang dipunpadhegani Wali Sanga, para nata sami angginakaken gegebengan rahmatan lil alamin, dados patuladhan lan tansah ngayomi para kawula saha nagari.

 

Editor
Is Ariyanto -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id leisure

Sambut Konser BTS, Jakarta Disiapkan Berubah Ungu Selama Enam Hari

Jakarta menyiapkan Purple Jakarta untuk menyambut konser BTS pada Desember 2026. Aktivasi lampu ungu ditargetkan ikut mendongkrak wisata dan ekonomi.

Espos.id leisure

Film Pulang Kampung Libatkan 200 Warga Lokal, Angkat Budaya Batak

Film musikal Pulang Kampung tayang 26 November 2026. Produksinya melibatkan lebih dari 200 warga lokal dan mengangkat musik serta budaya Batak.

Espos.id leisure

Robert Pattinson Resmi Jadi James Bond Baru, Gantikan Daniel Craig

Robert Pattinson resmi menjadi pemeran James Bond terbaru, menggantikan Daniel Craig. Film ke-26 007 akan disutradarai Denis Villeneuve.

Espos.id leisure

Jikustik dan Pongki Barata Tampil di Sahid Raya Hotel Yogyakarta Malam Ini

Melalui rangkaian konser ini, Sahid Raya Hotel & Convention Yogyakarta ingin hadir tidak hanya sebagai hotel dan convention, tetapi juga sebagai destinasi yang menyuguhkan event besar, tempat siapa saja bisa menikmati lagu-lagu para legenda yang tidak habis ditelan waktu.

Espos.id leisure

Kalender 2027: 18 Libur Nasional, 8 Cuti Bersama, Ini Daftar Tanggal Merahnya

Pemerintah menetapkan 18 hari libur nasional dan 8 hari cuti bersama sepanjang 2027 melalui SKB tiga menteri, dengan enam peluang libur panjang yang dapat dimanfaatkan masyarakat untuk merencanakan liburan.

Espos.id leisure

Kurangi Paparan Layar Sebelum Tidur, Ini Manfaatnya bagi Tubuh

Menghindari penggunaan perangkat elektronik selama 30-60 menit sebelum tidur dapat membantu menjaga produksi melatonin, meningkatkan kualitas istirahat, dan membuat tubuh lebih bugar keesokan harinya.

Espos.id leisure

Hadapi Pancaroba, Dokter Ingatkan Pentingnya PHBS dan Cukupi Cairan Tubuh

Dokter spesialis anak Mulki Angela mengingatkan masyarakat menerapkan perilaku hidup bersih dan sehat, mencukupi kebutuhan cairan, serta menjaga daya tahan tubuh untuk mencegah penyakit selama musim pancaroba.

Espos.id leisure

Salam Tiga Jari Kembali Ramai, Begini Sejarahnya

Salam tiga jari kembali terlihat dalam aksi dan media sosial. Simak sejarahnya dari The Hunger Games, gerakan protes Thailand dan Myanmar, hingga Indonesia.

Espos.id leisure

Segar dan Sehat, Ini Pilihan Minuman untuk Mengganti Elektrolit saat Cuaca Panas

Elektrolit merupakan mineral yang berperan penting dalam berbagai fungsi tubuh. membantu menjaga keseimbangan cairan, mendukung fungsi otot dan saraf, serta membantu menjaga irama jantung tetap normal.

Espos.id leisure

Berenang, Rahasia Lansia Tetap Bugar Tanpa Takut Nyeri Sendi

Nyeri sendi dan keterbatasan fisik yang sering dialami para lansia menyebabkan olahraga berat seperti lari dan angkat beban menjadi kurang aman. Di sinilah olahraga renang bisa menjadi sahabat terbaik lansia dengan segudang manfaat kesehatan.

Espos.id leisure

Sudah Pakai Pasta Gigi Pemutih, Gigi Masih Kuning? Cek Penyebabnya

Rutin sikat gigi dengan pasta gigi pemutih, tapi gigi tetap kuning? Kenali beberapa penyebab lain yang harus dihindari ini.

Espos.id leisure

Sering Ngemil Larut Malam? Studi Ungkap Risiko Penyakit Hati

Studi terbaru mengungkap kebiasaan ngemil larut malam berkaitan dengan peningkatan risiko penyakit hati hingga 30%. Simak penjelasan dan dampaknya.

Espos.id leisure

Tips dari Dokter Spesialis Gigi Anak FDC Solo agar Si Kecil Berani Periksa Gigi

Memahami kebutuhan tersebut, FDC Dental Clinic yang baru membuka cabangnya di Solo menghadirkan FDC Children, layanan kesehatan gigi anak yang didukung dokter spesialis kedokteran gigi anak serta fasilitas ramah keluarga.

Espos.id leisure

Gaji Cepat Habis? Ini 5 Tanda Anda Perlu Turunkan Gaya Hidup

Gaji cepat habis, sulit menabung, atau utang paylater meningkat? Kenali lima tanda keuangan perlu downgrade lifestyle dan cara menyesuaikan pengeluaran.

Espos.id leisure

Gigi Tak Sakit Belum Tentu Sehat, Kenali Tanda Kerusakan yang Sering Diabaikan

Gigi tak sakit belum tentu sehat. Dokter gigi Tom menjelaskan tanda awal kerusakan, mulai dari bercak putih hingga gigi sensitif, serta pentingnya kontrol rutin.

Espos.id leisure

Mengenal Terapi TPS, Terapi Stimulasi Otak Tanpa Operasi Pertama di Jateng & DIY

Perkembangan teknologi medis kini menghadirkan inovasi bagi penanganan gangguan saraf dan otak melalui Terapi Transcranial Pulse Stimulation (TPS) yang tersedia di Rumah Sakit Dr.Oen Kandang Sapi Solo.

Espos.id leisure

Martha Tilaar Meninggal Dunia, Ini Perjalanan Pendiri Kosmetik Lokal

Martha Tilaar meninggal dunia pada usia 89 tahun. Simak perjalanan pendiri Sariayu yang merintis bisnis kecantikan dari salon di garasi pada 1970.

Espos.id leisure

Waspada Influenza A, Kenali Gejala dan Cara Menanganinya

Aktivitas Influenza A di Indonesia diwaspadai. Kenali gejala, cara penularan, pencegahan, dan langkah penanganannya.

Espos.id viral

Kemenkes Tingkatkan Kesiapsiagaan Respons Insiden Lab Wabah di Rusia

Kemenkes meningkatkan kesiapsiagaan dan pengawasan di pintu masuk negara menyusul kematian pekerja laboratorium wabah di Rusia yang diduga akibat pneumonia.

Espos.id leisure

Itinerary Jogja 3 Hari 2 Malam, Wisata Alam Hits dan Pilihan Hotel Terbaik

Rencanakan liburan dengan itinerary Jogja 3 hari 2 malam. Jelajahi wisata alam Jogja yang populer dan nikmati perjalanan nyaman dengan pilihan hotel yang tepat.