Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

CERKAK: LULUSAN

author
Kamis, 5 April 2012 - 10:57 WIB
CERKAK: LULUSAN
ESPOS.ID - Panduan Informasi dan Inspirasi

CERKAK: Rahayu Nur Istiana

Dadi caturing tangga, Mbak Ruri putrane Pak Mitra kae wis umur 25 tahun nanging kok isih legan. Krungu sriwing-sriwing swara ura kepenak marai ngabangne kuping. Urip bebrayan ana desa pancen ngene iki. Prawan menawa nganti umur 25 kok durung sesandingan bisa dadi caturing tangga, jare kakehan milih, nek ura pegawai ora lolos seleksi. Cangkir, kencenging pikir. Kebacut dicap kakehan nimbang-nimbang dadi menawa ana jaka arep nyedak rak ya wedi. Mbak Ruri uga kerep didangu Mbak guru ana desane. Sabibare lulus kuliah kanugrahing Gusti langsung oleh pagaweyan, mulang ana salah sawijining sekolahan ing tlatah Karanganyar. Bola-bali digosipke menawa Pak Mitra arep mantu, sapa maneh yen ora mantokne Mbak Ruri, kuliah wis rampung pagaweyan ya wis antuk. “Apa maneh sing ditunggu,” ngono pitakone mbokde-mbokde menawa ana ing rewangan. Ora beda menawa ana rewangan tangga sing kagungan kersa mantu. “Sekedap malih giliran nggone Mbak Guru.” Mesti ngono celathune piyayi-piyayi ing rewangan. “Amin. Selot-selote bude, pangestune kemawon”, manggkono wangsulane ibune Mbak Ruri. Luwih-luwih saiki, syukur dumateng Gusti amargi sampun menehi kelancaran dalan rizki. Mbak Ruri lulus anggone tes pegawai negeri. Kaya kenya-kenya liyane, karepe Mbak Ruri sampung rampung anggone kuliah, pagaweyan ya wis mapan, adik-adik uga wis lulus kuliah, sampun rampung tugas wragad. Karep ati dang mikir jejodohan. Dadi swara kang sumebar ing desa menawa Mbak Ruri kakehan timbangan anggone milih sesandingan, kuwi ura bener. Niating ati kados dawuhe Rasulullah menawa arep golek sesandingan gatekno petang babagan, agama prayogane menawa dadi urutan nomor siji banjur rupa, banda, lan trah. Luwih nggegirisi ati maneh jarene wingi ibu nangis magep-magep. Jalaran krungu ngendikane Mbokde Mami. “Nganti umur 25 kok ora ana sing mara nembung. Mesthi wae Mbak Ruri kae duweni cacat! Mung ora kasat mata bae.” “Ampun dados galih jenengan, Bu. Mboten marga niku kula dereng sesandingan. Ati kula mawon dereng sreg.” Ngono anggone Mbak Ruri ngeyem-ngeyem ibune. Mbak Ruri anggone dedonga yuwun marang Gusti mugi enggal cepak jodone wasana diwenehi dalan padang. Ora suwe sabibare oleh pagaweyan kang mesthi, Mbak Ruri kebukak atine kena jemparing asmara. Arjuna saka tlatah Karanganyar kuta kang bisa nlusup ing telenging ati Mbak Ruri. Mas Puja, kuat babagan agami, nggadahi trap sila lan suba sita. Babagan mangkono kuwi kang marai atine Mbak Ruri kesengsem, ora marga rupa lan banda. ***

Relawan Bakti BUMN 2026, BRI Ajak Relawan Memberdayakan Desa BRILiaN Sanur Kaja

Sore kuwi bibar Magrib, kabeh wis pada danganging panggalih. Bapak kaliyan ibu lenggah ana omah ngarep. Mbak Ruri kang tanggap karo kahanan kuwi banjur matur marang Bapak kaliyan Ibu, menawa Mbak Ruri duwe karep sinandingan karo Mas-mas ingkang daleme Karanganyar kuta. Sapa kang nyana apa kang wis digadhang-gadhang Mbak Ruri cengkah karo kekarepane Bapak lan Ibu. Sesawangan dadi mak prepet, rasa kemremyas rata sak awak. Sak dek sak yet Bapak wangsuli, “Ora kena, Nduk, ditimbang-timbang maneh! Menawa golek sesandingan kuwi kudu nganggo petungan ora jer nuruti senenging ati lan hawa nepsu. Kowe kuwi anak moner siji, dadi pambuka, dadi tuladha adhi-adhine mbesok. Anak nomor siji kok arep jejodohan karo anak nomor telu. Kuwi jenenge lusan, ora pareng!” Wus dadi adate wong Jawa menawa anak nomor siji kuwi pantangan menawa arep sesandingan karo anak nomor telu. “Coba delengen Mbak Arum kae, anak nomor siji jejodohan karo anak nomor telu. Apa dadine? Anake lair cacat.” Ngono ngendikane Bapak. Lan isih akeh maneh. Mbak Ruri amung meneng, ananging ing jero ati uga wangsulan. Bude Wiji kaliyan Pakde Tiyo menika nggih lusan malah geying sisan, wage ketemu paing, miturut petungan Jawa uga ura kena. Ananging, tumekan seprene malah sae-sae bae tansah pinaringan kasarasan lan bagya mulya. Mbak Ruri mung bisa meneng, kelingan pituture ustazd-ustazd kae menawa amalan kang bisa ngeterake mlebu swarga kuwi amalan anak soleh salah sawijining bekti marang wong tuwa. Kapan maneh bisa nyenengake ati tiyang sepuh nek ora saiki. Nanging, apa kang dingendikakake Bapak ora sarujuk karo pangandele Mbak Ruri. Selenca karo apa dawuhing Gusti. Ya ngene iki kang diarani konflik batin. Sabibare kuwi, Mbak Ruri ora tau maneh ngrembug babagan jejodoan. Angger-angger didangu Mbak Ruri amung meneng, dawa-dawane tes...tumetese luh kang nggegirisi ati. “Karepmu kepriye to, Nduk? angger-angger didangu babagan jejodohan kok meneng pijer tes...nangis. Bapak kaliyan Ibu wis sumarah. Sapa bae pilihaning atimu, ayo pada dedonga nyuwun marang Gusti mugi langgeng teka kaki-kaki nini-nini,” Ngendikane Ibune Mbak Ruri. Sasi wingi ana piyayi kang ngajak sinambungan silaturahim. Putrane Pak Wigya sing kondang babagan dol tinuku kayu jati. Kebon jatine wis ora kepetung ambane. Celukane Mas Hans, jangkepe sapa Mbak Ruri ya ora ngerti. Gandeng ora sreg hayo wegah Mbak Ruri arep genah-genahake. Ora maido piyayine pancen gedhe dhuwur, bagus, kuning, resik, tur tumpakane honda city griss....Bola-bali dudu babagan kuwi kang dadi timbangan. Mbak Ruri ora bisa ngapusi apa kang dirasakake ing telenging ati. Ana babagan kang ora sreg lan kuwi wigati tenan. Menawa piyayi kakung kang bakale dadi imam kaluwarga, ananging ora kuat babagan pangandelan apa ya bisa diajak omah-omah? Hayo genah ora mlebu sket! Batine Mbak Ruri. ***

Rong tahun Mbak Ruri anggone nandhang tresna. Rasa kangen kaya-kaya wus nlusup ana lulang-lulang. Kangen karo dawuhing Gusti supaya pinuju kasampurnanan agami lan nindakake sunah Rasul. Saiki wis umur 27 taun. Mateng babagan emosi lan materi. Ora kendhat anggon memuji marang Gusti enggal dipethukake karo salah sawijining pangriptaning Gusti kang bakal dadi sigaraning nyawa. Esuk kuwi Mbak Ruri nyelakake sedela nalika jeda jam ngajar ana prelu ning kantor pajek. Anggone mlaku ora karo nyawang dalan, nanging karo mbukaki kertas ing jero map. Sajak kesusu marga selak bali ngajar. Kae Arjuna sik ning jero kantor kae kok katon nginceng bae karo Mbak Ruri, anyak mlaku saka parkiran tumekane jero. Pancen ketok saka solahe menawa arep naroh Mbak Ruri. “Ada yang bisa kami bantu, Mbak?” Mbak Ruri sing lagi mlaku dumadakan mandeg jegreg, lambe kaya kena pulut, mingkem rapet ora kena kanggo mangsuli. Rasa ati dag dig dug ura karuan. Rasane isih pada nalika krungu kang sepisan. Swara mau, tansah disimpen rapet ana ing memori. Swara kang bisa anggawe tresna rong taun kepungkur. ***

Gegarane wong akrami dudu bondho dudu rupo, amung ati pawitane, luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel angel kalangkung, tan kena tinumbas arta... Sekar asmarandana dipun midangetaken para tamu sinambi dahar pasugatan. Kabeh sesawangan ora luput saka temanten kekalih. Pengantin putrine pancen manis, sumringah kaya sumunaring candra lan kartika. Ora beda pengantin kakung uga katon gagah lan  perbawa. Sapa maneh nganten putri nek ora Mbak Ruri putrane Pak Mitra. Apa kang digarisake Gusti menawa bisa ditampa kanthi sareh rasane mesthi kepenak. Keletana gunung sap pitu jodho mesti ketemu, ngono bebasane. “Nuwun sewu, Mbak..nganten kakung asmane sinten nggih?” pitakone salah sawijining tamu. “Pujo...saking Karanganyar kuto” Kira-kira sepasar sabibare pawiwahane Mbak Ruri. Dusune Mbak Ruri geger krungu warta menawa Pak Wigya sak antek-anteke dijebloske penjaran. Ora keri Mas Hans putra ontang-antinge Pak Wigya. Gusti ora sare, jebule kayu jati kang dienggo dol tinuku Pak Wigya kuwi ilegal.

Wasana, Desember 2009

Penulis adalah alumnus tahun 2006 FKIP Bahasa, Sastra Indonesia dan Daerah, UNS. Sekarang sebagai staf pengajar di SMK N 2 Karanganyar. Aktif di TASCAKRA (Komunitas Pembaca Karanganyar). Eks Pembimbing KIR dan Jurnalistik di SMP N 1 Tasikmadu. Karya yang dipublikasikan: cerpen (Jeda), Artikel (Bahasa Kita), Cerkak (Jagag Sastra), Ah Tenane_ Solopos; cernak (Yunior)_Suara Merdeka.

Editor
Is Ariyanto -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id leisure

Sambut Konser BTS, Jakarta Disiapkan Berubah Ungu Selama Enam Hari

Jakarta menyiapkan Purple Jakarta untuk menyambut konser BTS pada Desember 2026. Aktivasi lampu ungu ditargetkan ikut mendongkrak wisata dan ekonomi.

Espos.id leisure

Film Pulang Kampung Libatkan 200 Warga Lokal, Angkat Budaya Batak

Film musikal Pulang Kampung tayang 26 November 2026. Produksinya melibatkan lebih dari 200 warga lokal dan mengangkat musik serta budaya Batak.

Espos.id leisure

Robert Pattinson Resmi Jadi James Bond Baru, Gantikan Daniel Craig

Robert Pattinson resmi menjadi pemeran James Bond terbaru, menggantikan Daniel Craig. Film ke-26 007 akan disutradarai Denis Villeneuve.

Espos.id leisure

Jikustik dan Pongki Barata Tampil di Sahid Raya Hotel Yogyakarta Malam Ini

Melalui rangkaian konser ini, Sahid Raya Hotel & Convention Yogyakarta ingin hadir tidak hanya sebagai hotel dan convention, tetapi juga sebagai destinasi yang menyuguhkan event besar, tempat siapa saja bisa menikmati lagu-lagu para legenda yang tidak habis ditelan waktu.

Espos.id leisure

Kalender 2027: 18 Libur Nasional, 8 Cuti Bersama, Ini Daftar Tanggal Merahnya

Pemerintah menetapkan 18 hari libur nasional dan 8 hari cuti bersama sepanjang 2027 melalui SKB tiga menteri, dengan enam peluang libur panjang yang dapat dimanfaatkan masyarakat untuk merencanakan liburan.

Espos.id leisure

Kurangi Paparan Layar Sebelum Tidur, Ini Manfaatnya bagi Tubuh

Menghindari penggunaan perangkat elektronik selama 30-60 menit sebelum tidur dapat membantu menjaga produksi melatonin, meningkatkan kualitas istirahat, dan membuat tubuh lebih bugar keesokan harinya.

Espos.id leisure

Hadapi Pancaroba, Dokter Ingatkan Pentingnya PHBS dan Cukupi Cairan Tubuh

Dokter spesialis anak Mulki Angela mengingatkan masyarakat menerapkan perilaku hidup bersih dan sehat, mencukupi kebutuhan cairan, serta menjaga daya tahan tubuh untuk mencegah penyakit selama musim pancaroba.

Espos.id leisure

Salam Tiga Jari Kembali Ramai, Begini Sejarahnya

Salam tiga jari kembali terlihat dalam aksi dan media sosial. Simak sejarahnya dari The Hunger Games, gerakan protes Thailand dan Myanmar, hingga Indonesia.

Espos.id leisure

Segar dan Sehat, Ini Pilihan Minuman untuk Mengganti Elektrolit saat Cuaca Panas

Elektrolit merupakan mineral yang berperan penting dalam berbagai fungsi tubuh. membantu menjaga keseimbangan cairan, mendukung fungsi otot dan saraf, serta membantu menjaga irama jantung tetap normal.

Espos.id leisure

Berenang, Rahasia Lansia Tetap Bugar Tanpa Takut Nyeri Sendi

Nyeri sendi dan keterbatasan fisik yang sering dialami para lansia menyebabkan olahraga berat seperti lari dan angkat beban menjadi kurang aman. Di sinilah olahraga renang bisa menjadi sahabat terbaik lansia dengan segudang manfaat kesehatan.

Espos.id leisure

Sudah Pakai Pasta Gigi Pemutih, Gigi Masih Kuning? Cek Penyebabnya

Rutin sikat gigi dengan pasta gigi pemutih, tapi gigi tetap kuning? Kenali beberapa penyebab lain yang harus dihindari ini.

Espos.id leisure

Sering Ngemil Larut Malam? Studi Ungkap Risiko Penyakit Hati

Studi terbaru mengungkap kebiasaan ngemil larut malam berkaitan dengan peningkatan risiko penyakit hati hingga 30%. Simak penjelasan dan dampaknya.

Espos.id leisure

Tips dari Dokter Spesialis Gigi Anak FDC Solo agar Si Kecil Berani Periksa Gigi

Memahami kebutuhan tersebut, FDC Dental Clinic yang baru membuka cabangnya di Solo menghadirkan FDC Children, layanan kesehatan gigi anak yang didukung dokter spesialis kedokteran gigi anak serta fasilitas ramah keluarga.

Espos.id leisure

Gaji Cepat Habis? Ini 5 Tanda Anda Perlu Turunkan Gaya Hidup

Gaji cepat habis, sulit menabung, atau utang paylater meningkat? Kenali lima tanda keuangan perlu downgrade lifestyle dan cara menyesuaikan pengeluaran.

Espos.id leisure

Gigi Tak Sakit Belum Tentu Sehat, Kenali Tanda Kerusakan yang Sering Diabaikan

Gigi tak sakit belum tentu sehat. Dokter gigi Tom menjelaskan tanda awal kerusakan, mulai dari bercak putih hingga gigi sensitif, serta pentingnya kontrol rutin.

Espos.id leisure

Mengenal Terapi TPS, Terapi Stimulasi Otak Tanpa Operasi Pertama di Jateng & DIY

Perkembangan teknologi medis kini menghadirkan inovasi bagi penanganan gangguan saraf dan otak melalui Terapi Transcranial Pulse Stimulation (TPS) yang tersedia di Rumah Sakit Dr.Oen Kandang Sapi Solo.

Espos.id leisure

Martha Tilaar Meninggal Dunia, Ini Perjalanan Pendiri Kosmetik Lokal

Martha Tilaar meninggal dunia pada usia 89 tahun. Simak perjalanan pendiri Sariayu yang merintis bisnis kecantikan dari salon di garasi pada 1970.

Espos.id leisure

Waspada Influenza A, Kenali Gejala dan Cara Menanganinya

Aktivitas Influenza A di Indonesia diwaspadai. Kenali gejala, cara penularan, pencegahan, dan langkah penanganannya.

Espos.id viral

Kemenkes Tingkatkan Kesiapsiagaan Respons Insiden Lab Wabah di Rusia

Kemenkes meningkatkan kesiapsiagaan dan pengawasan di pintu masuk negara menyusul kematian pekerja laboratorium wabah di Rusia yang diduga akibat pneumonia.

Espos.id leisure

Itinerary Jogja 3 Hari 2 Malam, Wisata Alam Hits dan Pilihan Hotel Terbaik

Rencanakan liburan dengan itinerary Jogja 3 hari 2 malam. Jelajahi wisata alam Jogja yang populer dan nikmati perjalanan nyaman dengan pilihan hotel yang tepat.