style
Langganan

Buku Legiun Mangkunegaran: Ngungak Sujarah Pawitan Prajurit Modheren Nuswantara

Damar Sri Prakoso Jibi Solopos Redaksi  - Espos.id Lifestyle  -  Sabtu, 10 Maret 2012 - 12:17 WIB

ESPOS.ID - Gedung Kavalerie Artilerie di sebelah timur Pura Mangkunegaran pernah jadi markas Legiun Mangkunegaran. (Dok/Solopos)

Ngrembug jaya jayane sujarah Praja Mangkunegaran pancen ora ucul saka sujarahe Legiun Mangkunegaran kang kondhang kaloka. Amung emane, ora pati akeh sumber sujarah arupa barang kang dadi seksi lan pangeling-eling kang bisa nyritakake sakabehe sujarah prajurit modheren kapisan ing Nuswantara iku, kajaba amung wujud wangunan kuna yaiku gedhung kavallerie-artillerie kang mapan ing pojok wetan Pamedan.

Miturut sejarawan mudha Solo, Heri Priyatmoko, satuan prajurit perang g

aweyane kolonial iku sempet cinathet kanthi mangsi mas ing lembaran sujarah, sarta dadi kebanggaan kulawarga bangsawan Mangkunegaran jaman mbiyen.

”Saiki kari crita lawas. Sing luwih nggranteske maneh, crita iku uga ora kasimpen rapi jroning pangeling-elinge masarakat Kampung Lor (sebutan tumrap wilayah kutha Mangkunegaran), sanajan bapak utawa simbahe mbiyen tau rebutan ndaftar dadi serdadu legiun. Apa maneh warga kang mapan ing kono kuwi uga ora dunung marang kiprah wiga

tine legiun jroning sujarah Kutha Solo lan uga sujarah modernisasi lan reformasi militer Indonesia. Kamangka, Legiun Mangkunegaran ana sesambungan sujarahe karo bab iku,” ujare Heri jroning adicara Dhudhah Buku Legiun Mangkunegaran karya Iwan Santoso ing Balai Soedjatmoko, Setu (3/3/2012).

Miturut Heri, buku Legiun Mangkunegaran (1808-1942): Tentara Jawa-Perancis Warisan Napoleon Bonaparte iku kababar ing wektu kang trep. Ora awates minangka isen ruang kosong historiografi Indonesia, mligine bab sujarah militer lokal jaman prakamardika

n lan masang Legiun Mangkunegaran minangka lakon ing panggung sujarah Jawa. Nanging uga nylametake masarakat Solo saka prastawa kelalen sujarah.

Dene pamicara  liyane, Andreas Susanto kang uga sejarawan UNS, nyebutake buku Legiun Mangkunegaran isih ana kakurangane yaiku jroning kasunyatan sujarah siji lan sijine kang padha sesambungan. “Contone, penulise ora bisa mbedakake kuwi ratu utawa pangeran. Nalika bab iki ora dicethakke, dadine akeh kaca kang katulis Karaton Mangkunegaran lan ing perangan liyane katulis Kadipaten Mangkunegaran. Saliyane kuwi, isih ana sawetara bab kang isih kurang pener,” ujare.

 

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif