Ngrembug jaya jayane sujarah Praja Mangkunegaran pancen ora ucul saka sujarahe Legiun Mangkunegaran kang kondhang kaloka. Amung emane, ora pati akeh sumber sujarah arupa barang kang dadi seksi lan pangeling-eling kang bisa nyritakake sakabehe sujarah prajurit modheren kapisan ing Nuswantara iku, kajaba amung wujud wangunan kuna yaiku gedhung kavallerie-artillerie kang mapan ing pojok wetan Pamedan.
Bersama BRI, Usaha Mikro Rawat Resep Terasi Kumbe Asal Merauke Raih Pasar Luas
Miturut sejarawan mudha Solo, Heri Priyatmoko, satuan prajurit perang g
aweyane kolonial iku sempet cinathet kanthi mangsi mas ing lembaran sujarah, sarta dadi kebanggaan kulawarga bangsawan Mangkunegaran jaman mbiyen.
”Saiki kari crita lawas. Sing luwih nggranteske maneh, crita iku uga ora kasimpen rapi jroning pangeling-elinge masarakat Kampung Lor (sebutan tumrap wilayah kutha Mangkunegaran), sanajan bapak utawa simbahe mbiyen tau rebutan ndaftar dadi serdadu legiun. Apa maneh warga kang mapan ing kono kuwi uga ora dunung marang kiprah wiga
tine legiun jroning sujarah Kutha Solo lan uga sujarah modernisasi lan reformasi militer Indonesia. Kamangka, Legiun Mangkunegaran ana sesambungan sujarahe karo bab iku,” ujare Heri jroning adicara Dhudhah Buku Legiun Mangkunegaran karya Iwan Santoso ing Balai Soedjatmoko, Setu (3/3/2012).
Miturut Heri, buku Legiun Mangkunegaran (1808-1942): Tentara Jawa-Perancis Warisan Napoleon Bonaparte iku kababar ing wektu kang trep. Ora awates minangka isen ruang kosong historiografi Indonesia, mligine bab sujarah militer lokal jaman prakamardika

n lan masang Legiun Mangkunegaran minangka lakon ing panggung sujarah Jawa. Nanging uga nylametake masarakat Solo saka prastawa kelalen sujarah.
”Ora kalah wigati, karya iki sejatine dadi alarm peringatan tumrap kerabat Mangkunegaran lan Pemkot Solo kang tega ngiwakake heritage taun 1874 iku adoh saka open-openan,” tandhese mahasiswa Pascasarjana Sejarah UGM iki.
Kamangka nalika ngungak Legiun Mangkunegaran, sejatine masarakat digawa mundur menyang rasa bombong marang satuan prajurit modheren kapisan ing Nuswantara. Jroning lingkungan sosial Mangkunegaran, dadi prajurit legiun iku wus dadi gegayuhan kang utama tumrap rakyat amarga dianggep minangka profesi kang mulya lan diurmati. Saliyane bisa ngangkat drajate lan minangka upaya nyedhakake dheweke marang Gusti Mangkunegara (ngetutake konsep kawula-gusti), saka bab ekonomi uga dianggep mumpuni jalaran antuk kaya kang cukup lan jatah pangan kang ajeg saben sasine. Saliyane iku, karaharjaning urip lan kasarane kulawargane uga diopeni.
”Mula kuwi sarate dadi legiun ora gampang. Pisanan, kudu lair ing wewengkone Mangkunegaran (kalebu Wonogiri lan Karanganyar) lan duweni tedhak turune priyayi Mangkunegaran. Wong kang isih kapetung trah abdi dalem Mangkunegaran luwih diutamakake. Kapindho, awake kudu rosa, umure 15-30 taun, dedege awak udakara 152 cm, lan bagas waras. Katelu, bibite kudu saka kulawarga kang becik lan ora duwe kekareman sing bisa ngrusak awake dhewe,” piterange.
Dene pamicara liyane, Andreas Susanto kang uga sejarawan UNS, nyebutake buku Legiun Mangkunegaran isih ana kakurangane yaiku jroning kasunyatan sujarah siji lan sijine kang padha sesambungan. “Contone, penulise ora bisa mbedakake kuwi ratu utawa pangeran. Nalika bab iki ora dicethakke, dadine akeh kaca kang katulis Karaton Mangkunegaran lan ing perangan liyane katulis Kadipaten Mangkunegaran. Saliyane kuwi, isih ana sawetara bab kang isih kurang pener,” ujare.
