style
Langganan

Aja Kuwatir Dadi Tuwa

Redaksi  - Espos.id Lifestyle  -  Kamis, 22 Maret 2012 - 10:00 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Ngatini Rasdi, Sutresna Kabudayan Jawa

Apa ana manungsa, mligine wong wadon, sing bisa ngempetake umure? Wangsulane wis cetha yen ora bakal ana sing bisa ngempetake umure. Tegese, yen umure wis tuwa mangka raga bakal katon melu tuwa, kulit saya kriput. Sing maune ayu kinyis-kinyis bakal saya luntur kinyis-kinyise.

Mula banjur akeh wong wadon sing kepengin tetep katon kinyis-kinyis padha mempeng anggone pepaes. Wedhak lan pupure saya dikandeli. Malah akeh uga sing nyoba golek jimat sing dianggep bisa ngempetake umur. Kaya dene susuk sing digawe saka emas lan diwenehi japa mantra. Dene japa mantrane ana sing mengkene: “Gusti kang nguwasani wektu lan ora sare, nyuwun sewu kula kepengin tansah ayu.” Japa mantra kuwi kudune diwaca sajrone bathin kaping 99 saben-saben bengi nalika arep sare.

Ana uga sing kepengin ayu kanthi lelakon pasa Senin Kemis. Dene saben lebar subuh kudune mlaku-mlaku ing tengah ara-ara utawa sawah sing kebak pedhut suwene sejam. Lelakon iki sajak pantes dicoba, jalaran yen disawang kanthi ilmiah pancen tinemu akal. Cethane, pasa Senin Kemis bisa gawe awak waras bregas tur ora kelemon. Dene nalika esuk ruput-ruput gelem mlaku-mlaku ing kahanan sing kebak pedhut pancen bisa nyegerake raga lan jiwa.

Lumrah Mligine sajrone bebrayan Jawa, akeh wong wadon pancen padha kuwatir dadi tuwa, jalaran yen wis katon tuwa bakal saya adoh karo sing kakung. Rasa kuwatir iki ora perkara sepele, jalaran pancen akeh wong wadon sing kesingkur nalika kulite wis katon padha kriput.

Wis akeh kedaden ala, kaya dene para kakung sing saya wegah nyawang sing wadon sing wis kriput, banjur seneng lunga golek kenya sing isih katon kinyis-kinyis senajan kudu mawa bea sing bisa mbobolake dompet. Yen wis kaya ngono, bale wisma bisa bubar.

Nanging yen dipetani kanthi ngelmu psikologi, rasa kuwatir dadi tuwa mligine kanggone wong wadon kuwi lumrah. Ora mung jalaran kuwatir ditinggal sing kakung nanging uga kuwatir ora waras bregas utawa saya akeh memala padha mara.

Kasunyatane, sing prelu dadi kawuningan, yen wong wadon tansah kuwatir dadi tuwa mangka bakal katon luwih tuwa jalaran pikirane tansah was-was. Rina wengi atine ora tentrem. Yen sing kakung lagi mingser banjur atine ketar-ketir. Yen wis ngono, watak kapribadene bisa rusak, kaya dene gampang nesunan saengga praupane katon surem lan tansah jengggureng.

Mula becike kanggone wong wadon sing rumangsa wis tuwa padha gelem nampa kahanan lan kasunyatan kanthi rasa syukur. Tegese, bisa urip tumekaning mangsa tuwa pantese disyukuri ora malah digetuni. Yen kulit pancen saya kriput, pantese diimbangi kanthi watak kang dibecik-becikake, mligine marang sing kakung murih tetep tresna utawa malah saya tresna.

Dene yen kulit saya kriput, kudune ora usah gawe gela utawa padha tumindhak sing ora nalar, kaya golek susuk utawa suntik silicon lan operasi plastik. Luwih becik nampa kahanan kanthi tentreming ati murih ora kelara-lara.

Wis akeh sing ora lila dadi tuwa banjur padha rekasa. Suntik silicon banjur kena memala kanker. Operasi plastic malah ora kebeneran saengga praupane dadi katon penyok-penyok. Tuku susuk sing regane larang ora ngreti yen jebule kapusan saengga kelangan dhuwit akeh tanpa guna.

Ana unen-unen sing pantes dadi kawuningan, mligine tumrap wong wadon sing wis rumangsa tuwa. Umur aja dislamur-slamur. Tegese, yen rina wengi kepengin nylamur umur kapan bisa syukur? Yen rina wengi ngila-ngilo karo pupuran wae kapan kober ngopeni sing kakung?

Mula becike tansah eling marang kodrat kang dumadi. Ora ana alane seneng pupuran lan gincunan nanging aja kandel-kandel lan aja suwe-suwe lungguh ing ngarepan kaca pengilon. Isih akeh cara sing gampang dilakoni murih tansah ditresnani dening sing kakung, kaya dene temen-temen ngopeni sing kakung supaya bisa tansah ayem tentrem lan marem saben-saben dahar lan “ngejak sare nanging ora sare.”

 

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif